Wednesday, March 4, 2009

Pitu

Pitu iku ganeping wektu
pitu iku kasampurnaning winasis
pitu iku marganing kasunyatan
pitu itu korining karaharjan
pitu iku wohing kawicaksanaan
pitu iku wahyuning laku
pitu iku duluning bayu

(Pitu itu kepenuhan waktu
pitu itu kesempurnaan orang bijak
pitu itu jalan kebenaran
pitu itu buah kebijaksanaan
pitu itu terang perjalanan hidup
pitu itu pusarnya angin)

Mula yen ana priyagung
alelaku ngudi tuk pitu
iku pralambange sujarah
ngugemi sekar pitutur
winarisake pra leluhur
tanah Jawi kang tansah
ngugemi urip ngganteri
bisa nyekel pusering ngaurip
sumbering sabarang kabejan jati.

(Maka bila ada orang
menziarahi tujuh mata air
lambang peziarahan hidup
menghayati ajaran suci
yang diwariskan para leluhur
di tanah Jawa
yang telah menghidupi
dengan penuh kerinduan
memegang pusar kehidupan
sumber kebahagiaan sejati.)

Pitu iku pitutur
yen ta urip iku luhur
lan perlu dileluhur
kanthi njejembar donya
mbuka marganing tresna
ya tresna maring bumi sanyata
ya tresna maring pepadha
tanpa ninggal sembah ing Hyang Sukma.

(Pitu itu adalah ajaran
bahwa hidup itu luhur
dan perlu diluhurkan
dengan memperluas dunia kita
membuka jalan cinta
cinta terhadap bumi seisinya
dan juga terhadap sesama
tanpa meninggalkan persekutuan
dengan Khalik Rahman)







12 Juli 2004
diketik oleh Tangkisan Letug